Info
SELAMAT DATANG DI WEBSITE RESMI PEMERINTAH DESA MAOS LOR

Artikel

Maoslor Kuwe di tinggal Ngangeni di Tunggoni Mbetaih

Administrator

17 September 2022

91 Kali dibuka

Pancen bener tembunge wong tuwa lur, "Maos kuwe nek ditinggal ngangeni nek ditunggoni mbetaih". Ya mbuh kenangapa tapi pancen akeh perantauan sing akhire pada balik ndesa, padahal sing jenenge golet pangan nang ndesa mestine lewih rekasa dibandingna nang kota.

Tapi apa ukurane wong betah karo ora nang materi ??? mestine ya ora.Buktine akeh sing akhire pada balik ming maos,Insya Alloh segothang gothange asal gelem obah ya olih gabah,asal ora isin ya segane bisa asin. Mbok kaya kuwe lurrrr.

Mbarang di slusuri ana budaya sing esih krasa banget nang maos ya kuwe budaya gotong royong ,guyup rukun lan toleransi sing esih diwarisna turun menurun ming generasi ke generasi.Kie sing siki dadi barang mahal sing urung tentu ana nang panggonan liyane. 

Menurut para ahli, budaya kuwe dari kata Budi lan daya. Budi artine luhur, daya artine kekuatan. Dadi budaya kuwe kekuatan sing luhur sing diwarisna secara turun temurun. Gotong royong salah sijine contoh sing esih mlaku nang warga maos.

Nang RW 02 Maoslor bar dianakna kerja bakti masal telung RT sing dipandegane langsung nang pak Adi Parwoto selaku ketua RW 02 Buaran Maoslor. Bersih bersih lingkungan pinggir dalan dadi prioritas sebabe men lingkungane disawang rapih lan nyenengi.

Rampung kerja bakti terus pada leren medang bareng. Ana sing ngopi,ngeteh sandingane mendoan anget wis jian nylekamin temenan. Mungkin kie sing marakna wong pada betah nang maos ya kuwe budaya gotong royong,guyup,eling lan peduli.

Moga moga warga Maos selalu waras slamet sing nang rantau juga aja kelalen nek wIs sukses Go ngrewangi mbantu mbangun desane khususe Maoslor tercinta. Matur suwun

Kadus Trie,Sept 2022

Form Komentar

Nama
Telp./HP
E-mail

Komentar

Kirim Komentar

Captha
Matematic

Komentar Facebook

Aparatur Desa

Komentar

Media Sosial

Statistik Pengunjung

Hari ini:77
Kemarin:217
Total:112.786
Sistem Operasi:Unknown Platform
IP Address:216.73.216.38
Browser:Mozilla 5.0

Lokasi Kantor Desa

Latitude:-7.596322647700747
Longitude:109.14539337158205

Desa Maos Lor, Kecamatan Maos, Kabupaten Cilacap - Jawa Tengah

Buka Peta

Wilayah Desa